(Lirik) Lagu dolanan

OJO RAME-RAME

Ojo rame-rame simbah putri lagi sare.
Sare ono kamar, sore-sore ngajak dolan.
Dol n nang plataran, Simbah putri tumbas jajan
pisang tempe tahu,
ayo konco do sinau

Ojo rame-rame adek cilik lagi turu
turu karo sibu adek nanges nyuwun susu
susu, susu bubuk, bubuk dewe ono mburi
mburi ono manuk ayo tangi esuk-esuk


OH ADHIKU
Oh adhiku, kekasihku ojo pijer nanges wae
ayo dolan karo aku, ono ngisor uwit manggis
Delok maneh ibu rawuh, ngasta oleh-oleh
gedhang goreng karo roti, mengko diparingi.

KIDANG TALUN
Kidang talun mangan kacang talun
mil ketemil mil ketemil si kidang mangani mbayung

Tikus piti duwe anak siji
cicit cuit cicit cuit, maju perang wani mati

Gajah belang seko tanah abang
nuk legenuk nuk legenuk gedhene meh podo gunung

PADHANG BULAN
Yo pro konco dolanan ning njobo
padhang bulan, padange koyo rino
rembulane ne seng ngawe-ngawe ojo podho turu sore

0 komentar:



Posting Komentar

Mohon tinggalkan jejak-jejak cinta anda pada blog ini.
Makasih, Matursuwun!!!!!