Sajak Porno


Tiwul uwal awul gajah mentul.
sego tiwul murah lan wareg.
sego kucing regane sewu,
manut pemerintah kang ra biso digugu...
doh... adoh...
bocah sekolah podho mlayu,
tawur karo sedhulur katon lucu.
prengas prenges godres gethih,
jan bocah,,,,
bungah sak wayah wayah, lali nggon, lali wektu.
sekolah dinggo menek jambu menthah.
Oalah Kanjeng Gusti....
jaman kok wes arep bubrah.
lanang wadon, dudu sedhulur, dudu bojo,
kok buka klambi sak wayah-wayah,
luwih rame yen neng nggon pethengan.
mlayu ngalor ngidul ngetan ngulon,
nganthi ambegan arep ucul, ngos-ngosan.
kanthi ing dino kang ditentokake,
kasil tetenger kang urip neng njero wetheng.
bocah wadhon nangis gerung-gerung, njalok disanding nanging kok nganten lanang mlayu.
Mripat abang, tangan godho wesi.
lah Pak, 
mbok gebuki malah mati.
iki salah sopo?

0 komentar:



Posting Komentar

Mohon tinggalkan jejak-jejak cinta anda pada blog ini.
Makasih, Matursuwun!!!!!