Sajak Tidur


Gundhul-gundhul pacul.
paculku wes kethul.
jare beras luar negri luweh wareg enak lan murah.
jeruk luar negri mongko luweh wangi, Jarene.
mlayu laut, iwak podho sumingkir,
wedhi di apotas lan diracun.
njur kon kepriye?

jare gemah ripah loh jinawi,
tata tentrem kerto raharjo.
la dalah nduwuran mabut angin,
rebut kuaso ora ngerti dosa.
rakyat do ciloko, kleleran golek urip.
soko dadi buruh cuci 
kanthi dadi bojo neng kasur.

wes mbuh, ora urus.
mendhing bali nemu bengi.
mbayangke rupane bojo seng sumringah nadyan mung mangan jadhah.
tekan omah, njujuk sumur.
adus gen katon wangi lan gentheng, ben bojo seneng.
la dalah...
mlebu kamar bojo turu mledhing...
sabar yo Le,,,,
poso dhisisk bengi iki,
simbokmu lagi nesu,
mergo sewengi tak gurahi,
tak kandhani mending dadi TKI nang Hongkong po arab saudi
eh malah semawur,
opo pengen, bojomu mati koyo Ruyati?

Aku mung mbathin, menowo Gusti ngganti luweh ayu lan wangi.

0 komentar:



Posting Komentar

Mohon tinggalkan jejak-jejak cinta anda pada blog ini.
Makasih, Matursuwun!!!!!